Rangkuman Pembahasan Soal Bahasa Jawa

Page Tripama 4

Assalamualikum Wr. Wb
Kali ini saya akan membuat rangkuman bahasa jawa berdasarkan soal dan kisi – kisi USBN tahun 2018 / 2017, semoga materi yang saya sampaikan bisa bermanfaat untuk kita semua. Kita mulai saja pembahasan rangkuman ini :


PANGKUR

Mingkar mingkuring angkara 
Menghindarkan diri dari angkara
Akarana karenan mardi siwi 
Bila akan mendidik putra
Sinawung resmining kidung 
Dikemas dalam keindahan syair
Sinuba sinukarta
Dihias agar tampak indah
Mrih kretarta pakartining ngèlmu luhung  
Agar tujuan ilmu luhur ini tercapai
Kang tumrap ning tanah Jawa  
Yang berlaku di tanah Jawa
Agama ageming aji 
Agama pegangan para pemimpin

PAWARTA

Pawarta (Berita) yaiku asipat faktual (Adhedhasar fakta utawa kasunyatan) lan aktual (Anyar utawa lagi wae kedadean) isine pawarta iki arupa fakta-fakta ngenani maneka warna prastawa utawa kedadean kang ana kayata politik , budaya kasarasan sosial, pendhdhikan lan liya - liyane. Pawarta seng ora di kantheni fakta - fakta (Kasunyatan) bisa diarani kabar angin utawa gosip.

Kaidah Pawarta iku bisa kerangkan dadi 6, yaiku kayaing ngisor iki :
1. What : Kedadean apa sing diwartaken utawa di kabarake.
2. Who : Sapa sing ana ing sajroning kedadean iku.
3. When : Kapan kedadeane
4. Where : Ing ngendi kedadeane
5. Why : Genea bisa kedadean kaya mangkono
6. How : Kepriye kedadeane

OMAH ADAT JAWA

Omah tradisional Jawa Tengah salah sijine yaiku Joglo. Joglo iku jinis omah tradisional Jawa sing katon prasaja lan dipigunakaké minangka simbol utawa panandha status sosial saka bangsawan Jawa . Biasane, omah  joglo mung diduweni wong kang duwe banda akih.

Ruangan ing omah joglo biasane dibagi dadi telu bagian :
1. Bagian kaping siji yaiku ruangan kanggo patemon kang kasebut pendhopo.
2. Bagian kapindo yaiku ruang tengah utawa ruang kanggo nanggap wayang kulit, kasebut pringgitan.
3. Bagian kaping telu yaiku ndalem utawa omah jero, kanggo ruang keluarga. Ing jero rungan iki ana telu senthong, yaitu senthong kiri, senthong tengah, lan senthong kanan.

SINOM

Wateke tembang Sinom kang grapyak lan renyah.
Paugeran guru gatra  : sanga
Paugeran guru Lagu lan guru wilangan : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a.

BIMA BUNGKUS

  Ing Suralaya, Batara Guru nimbali Gajahsena, putra sang batara kang awujud gajah, kinen mecah si bungkus saengga dadi sejatining manungsa. Sang Guru ugi angutus Dewi Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang si bungkus.

  Purna anggennya peparing ajaran marang si bungkus, Dewi Umayi aparing busana arupa cawat bang bintulu abrit, ireng, kuning, putih, pupuk, sumping, gelang, porong, lan kuku Pancanaka.

  Salajengipun, Gajahsena mbuka bungkus. Pecahing bungkus dados sapatemon kekalihipun, kagyat dados lan perangipun. Binanting sang Gajahsena. Sirna jasad sang gajah. Roh lan daya kekiatanipun manjing jroning angga sang bungkus.

Praptene Betara Narada.
Si Bungkus tumakon marang Sang Kabayandewa, “Heemmm, aku iki sopoh?”

  “Perkencong, perkencong waru doyong, ngger, sira kuwi sejatine putra nomor loro ratu ing Amarta Prabu Pandudewanata. Sira lahir awujud bungkus, lan kersaning dewa sira kudu dadi satriya utama…, lan sira tak paringi tetenger Bratasena ya ngger…”

  Rawuhipun Ratu saking Tasikmadu kang nyuwun senjata pitulungan marang Bratasena kinen nyirnakaken raja raseksa aran Kala Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta lan Kala Ranu. Para raseksa sirna. Sekakawan kekiatan saking raseksi wau nyawiji marang Raden Bratasena, inggih punika kekiatan Geni, Lemah, Angin lan Banyu.

Amanat :

TEKS PRANATACARA

1. Salam Pambuka
Salam pakurmatan ingkang setunggal dhateng para dhayoh utawi ingkang kepareng rawuh.

2. Purwaka Basa (pambuka)
Atur panuwun dhateng para rawuh / dhayoh ingkang kepareng rawuh, sarta atur pamuji syukur dhateng gusti Allah. Jelasake susunan acara ingkang badhe dpunlakoni sedaya. Tuladha susunan acara :
a. Pambukaan (salam, donga)
b. Sambutan saking pandega pamonten (Ketua Pelaksana)
c. Seminar babagan narkoba ingkang badhe dipunpangagengi dening Bapak Surip Sutarman
d. Seminar babagan bahaya peredaran narkoba dening Bapak Kapolda Yogyakarta
e. Seminar babagan bahaya nyalahgunakake narkoba kunjuk kesarasan dening Bapak Setya Budi
f. Sesi pitakon lan wangsulan
g. Crita saking mantan pecandu narkoba
h. Ujar konjuk nerwaosi narkoba
i. Uga penutup

3. Suraos Basa (wiji)
Atur sakabehe bab miturut susunan acara setunggal - setunggal ingkang diandharaken dhateng para rawuh / dhayoh.

4. Wusana (panutup)
Atur panuwun sarta nyuwun pangapunten manawa wonten kirang utawi kalepatan anggen ngandharaken ngendikan marang para rawuh.

AKSARA ANGKA, MURDA LAN REKAN

Aksara Angka :

angka

Aksara Murda :

murda

Aksara Rekan :

rekan

POCUNG

Ngelmu iku kalakone kanthi laku
(Ilmu itu hanya dapat diraih dengan cara dilakukan dalam perbuatan)
Lekase lawan kas
(Dimulai dengan kemauan)
Tegese kas nyantosani
(Artinya kemauan yang menguatkan)
Setya budaya pangekese dur angkara
(Ketulusan budi dan usaha adalah penakluk kejahatan)

SESORAH

1. APALAN
Yaiku teknik utawa sistem pidhato/ sesorah kang dilakoke nganggo cara ngapalake teks pidhato.
2. NASKAH/TEKS
Yaiku tektik utawa sistem pidhato / sesorah kang dilakoke nganggo cara maca teks pidhato.
3. EKSTERNPORANT
Yaiku teknik utawa sistem sesorah kanthi nganggo catetan cilik kang isine pokok- pokok phidato kang arep diaturke marang para pamirsa.
4. IMPROMTU
Yaiku teknik sesorah kanthi dadakan utawa durung ngrancang cengkorongane sesorah sing arep diaturake marang pamira.

TATA CARA UPACARA PENGANTIN JAWA

1. Nontoni
Pada tahap ini sangat dibutuhkan peranan seorang perantara. Perantara ini merupakan utusan dari keluarga calon pengantin pria untuk menemui keluarga calon pengantin wanita.
2. Nakokake/Nembung/Nglamar
Sebelum melangkah ke tahap selanjutnya, perantara akan menanyakan beberapa hal pribadi seperti sudah adakah calon bagi calon mempelai wanita
3. Pasang Tarub
Bila tanggal dan hari pernikahan sudah disetujui, maka dilakukan langkah selanjutnya yaitu pemasangan tarub menjelang hari pernikahan.
4. Midodareni
Rangkaian upacara midodareni diawali dengan upacara siraman. Upacara siraman dilakukan sebelum acara midodareni. Tempat untuk siraman dibuat sedemikian rupa sehingga nampak seperti sendang yang dikelilingi oleh tanaman beraneka warna.
5. Akad Nikah
Akad nikah adalah inti dari acara perkawinan. Biasanya akad nikah dilakukan sebelum acara resepsi.
6. Panggih
Upacara panggih dimulai dengan pertukaran kembar mayang, kalpataru dewadaru yang merupakan sarana dari rangkaian panggih. Sesudah itu dilanjutkan dengan balangan suruh, ngidak endhog, dan mijiki.
7. Balangan suruh
Upacara balangan suruh dilakukan oleh kedua pengantin secara bergantian.
8. Ngidak endhok
Upacara ngidak endhog diawali oleh juru paes, yaitu orang yang bertugas untuk merias pengantin dan mengenakan pakaian pengantin, dengan mengambil telur dari dalam bokor, kemudian diusapkan di dahi pengantin pria yang kemudian pengantin pria diminta untuk menginjak telur tersebut.
9. Wiji dadi
Upacara ini dilakukan setelah acara ngidak endhok. Setelah acara ngidak endhog, pengantin wanita segera membasuh kaki pengantin pria menggunakan air yang telah diberi bunga setaman
10. Timbangan
Upacara timbangan biasanya dilakukan sebelum kedua pengantin duduk di pelaminan.
11. Kacar-kucur
Caranya pengantin pria menuangkan raja kaya dari kantong kain, sedangkan pengantin wanitanya menerimanya dengan kain sindur yang diletakkan di pangkuannya.
12. Dulangan
Dulangan merupakan suatu upacara yang dilakukan dengan cara kedua pengantin saling menyuapkan makanan dan minuman.
13. Sungkeman
Sungkeman adalah suatu upacara yang dilakukan dengan cara kedua pengantin duduk jengkeng dengan memegang dan mencium lutut kedua orangtua.
14. Kirab
Upacara kirab berupa arak-arakan yang terdiri dari domas, cucuk lampah, dan keluarga dekat untu menjemput atau mengiringi pengantin yang akan keluar dari tempat panggih ataupun akan memasuki tempat panggih.
15. Jenang Sumsuman
Upacara jenang sumsuman dilakukan setelah semua acara perkawinan selesai.
16. Boyongan/Ngunduh Manten
Disebut dengan boyongan karena pengantin putri dan pengantin putra diantar oleh keluarga pihak pengantin putri ke keluarga pihak pengantin putra secara bersama-sama.

IKLAN

Iklan yaiku kegiatan menehi informasi bab barang lan jasa sing migunaake media massa online utawa offline.

Iklan nduweni paugeran, yaiku:
1) Iklan migunaake media massa kanggo masifikasi layang.
2) Migunaake sponsor sing wes teridentifikasi.
3) Nduweni sifat menehi informasi marang khalayak.
4) Nduweni tujuan kanggo ngentokno audiens seakeh-akehe.
Jenis-jenise iklan, yaiku :

1. Iklan Informatif
Iklan informatif yaiku, iklan kang nduweni paugeran :
a) Nduweni tujuan mbentuk kesadaran lan pengetahuan bab produk utawa fitur-fitur saka produk kang wes ana.
b) Njelasno cara kerja pproduk.
c) Menehi infrmasi harga lan kemasan produk
d) Ngoreksi produk

Tuladhane iklan informatif yaiku iklan hp Sony Ericsson Z550i, iklan Dji Sam Soe, iklan Coca Cola.

2. Iklan Persuasif
Iklan persuasif nduweni paugeran,yaiku :
a) Nduweni tujuan nyiptakno kesenengan, preferensi lan keyakinan, sahinggo konsumen arep tuku lan migunaake barang lan jasa.
b) Nganjurno khalayak milih merk tertentu.
c) Nganjurno kalayak tuku.
d) Ngubah persepsi konsumen.
e) Mbujuk khalayak tuku saiki.

Tuladhane iklan persuasif yaiku, iklan Samsung Slim Fit T, iklan Canon Printer PIXMA iP1200.

3. Iklan reminder
Iklan reminder nduweni paugeran, yaiku :
a) Nduweni tujuan ndorong konsumen tuku maneh barang lan jasa.
b) Ngilingno konsumen tuku produk iku.
c) Njaga kesadaran produk.
d) Njalin hubungan apik karo kosumen.

Tuladha : iklan Vita Zone, iklan Hotel Santika Malang, iklan Simpati Jitu.

FILOSOFI TEMBANG MACAPAT
  • Maskumambang: Gambaraké jabang bayi sing isih ana kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné.
  • Mijil: Ateges wis lair lan wis cetha priya utawa wanita.
  • Sinom: Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
  • Kinanthi: Saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
  • Asmarandana: Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.
  • Gambuh: Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk banjur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
  • Dhandhanggula: Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / bojo, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula iku wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
  • Durma: Saka tembung darma / wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma / wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.
  • Pangkur: Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha.
  • Megatruh: Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
  • Pocung: Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.
GEGURITAN

Geguritan yaiku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugerahan tertamtu. Bebas jumlah larik larik ukara ing saben pada, jumlahe pada, pilihan basa kang digunakake, maksude panggurit ana kang nggunakake purwakanthi kadhang ora migunakake purwakhanti

Paugeran Geguritan :
1. Ora kaiket wewaton guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
2. Luwih ngutamakake babagan isine kang mentes, apik, endah, lan uga becik.
3. Kanggo nambah kaendahan basa nggunakake purwakanthi sawetra bae.
4. Isi pitutur, piweling, kritik, protes, sindiran, pangresah, pamundhut, lan sapanunggalane.

Purwakhanti
Tembung "purwa tegese wiwitan, ngarep. dene tembung "kanthi tegese kanca, gandheng, karo,nganggo. Purwakanthi kena ditegesi gandheng karo ngarep. Kang dikarepake "purwakanthi" yaiku tetembungan kang runtut karo tembung mburine, ngenani bab swarane, sastra utawa tembunge.

a. Purwakanthi guru swara
Diarani purwakanthi guru swara, jalaran ing kono tinemu rujukan swara utawa runtuting swara siji lan sijine. Purwakanthi guru swara akeh kanggone, kayata ana ing paribasan, saloka, cangkriman, lelagon, wangsalan, parikan, geguritan, lan rumpakan liyane.

b. Purwakanthi Guru sastra
Manawa purwakanthi guru sastra ing kono sing rujuk sastrane utawa tulisane.

c. Purwakanthi Lumaksita
Tembung "lumaksita" tegese lumaku. ing kene tembung tembung, utawa ukara ing mburi runtut karo tembung tembung ngarepe. Runtuting tembung ora mesthi satembung wutuh, kadhang kala mung saperangan utawa sawanda bae. Mula ukara ukarane uga katon runtut lan sambung sinambung, kepenak dirungokake.

PAKAIAN ADAT

Pakaian adat Jawa Tengah bernama Jawi Jangkep dan kebaya. Sesuai dengan namanya jawi berarti Jawa dan Jangkep berarti lengkap. Sedangkan Jawi Jangkep adalah pakaian pria yang terdiri dari bebrapa perlengkapan yang digunakan untuk keperluan adat.

Jawi Jangkep terdiri dari atasan yang berupa baju beskap dengan motif bunga dan untuk  bahawan menggunakn kain jarik yang dililitkan dipinggang. Destar berupa blangkon yang digunakan penutup kepala tradisional yang dikenakan oleh para pria. Agar dalam tampilan lebih menarik maka ditambahkan aksesoris lainnya berupa keris dan cemila atau kaos kaki.

Sedangkan untuk pakaian adat yang dikenakan wanita menggunakan kain kebaya. Kebaya ini pada umunya dibuat dari bahan katun, beludru, sutera brokat, dan nilon yang berwarna cerah. Kemben ini digunakan untuk penutup dada sampai bagian pinggul.


Stagen yang digunaakn untuk sebagai penahan kain panjang. Kain tapih pinjul yang digunakn untuk melilitkan dibagian pinggang dengan cara memutar pada bagian badan. Konde yang gunakan sebagai tambahan rambut para seorang wanita.

Agar dalam tampilan lebih menarik mereka menambahkan aksesoris yang berupa cincin, subang, kalung, gelang, dan kipas. Dalam prakteknya pakaian ini diatur sedemikian rupa sesuai dengan strata sosial.

SERAT TRIPAMA

Serat Tripama (tiga suri tauladan) adalah karya KGPAA Mangkunegara IV (1809-1881) dei Surakarta, yang ditulis dalam tembang Dhandanggula sebanyak 7 pada (bait), mengisahkan keteladanan Patih Suwanda (Bambang Sumantri), Kumbakarna dan Suryaputra (Adipati Karna).

Secara ringkas, itulah kepahlawanan tiga ksatria dalam tiga jaman yang berbeda yang diangkat oleh Sri Mangkunegara IV dalam Serat Tripama yang terdiri dari 7 bait tembang Dhandanggula: Bait pertama dan ke dua mengisahkan kepahlawanan Bambang Sumantri, Bait ke tiga dan empat tentang Kumbakarna, Bait ke lima dan enam mengenai Adipati Karna dan Bait ke tujuh adalah kesimpulan/penutup.

PATIH SUWANDA (BAMBANG SUMANTRI)

Page Tripama 1

Seyogyanya para prajurit; Semua bisa meniru; Seperti ceritera pada jaman dulu; Andalan sang raja; Sasrabahu di negara Maespati; Namanya Patih Suwanda; Jasa-jasanya; Dikemas dalam tiga hal; Pandai, mampu dan berani (Guna, Kaya, Purun), itulah yang dipegang teguh; Menetapi keturunan orang utama.

Artinya dharmabakti yang tiga hal itu; Guna: bisa menyelesaikan masalah; Berupaya untuk memperoleh kemenangan; Kaya: ketika peperangan di negara Manggada; Bisa memboyong putri dhomas; Diserahkan kepada sang raja; Purun: Keberaniannya sudah nyata ketika perang tanding (dengan Dasamuka) raja Ngalengka; Patih Suwanda gugur di medan perang.

Adapun kesimpulan nilai kepahlawanan Patih Suwanda dinilai dari tiga hal, yaitu: Guna, Kaya dan Purun.

GUNA: Nuhoni trah utami dalam hal ini adalah menetapi keturunan orang utama, yaitu ksatria dengan sifat-sifat ksatrianya yang mampu menyelesaikan masalah. Unggul dalam segala hal.
KAYA: Disini disebutkan dalam peperangan berhasil memboyong putri Dhomas (penafsiran disini tidak hanya memboyong putri domas yang 800 jumlahnya tetapi juga harta rampasan perang)
PURUN: Kegagahberaniannya. Dasamuka adalah raja yang tidak tertandingi kesaktiannya kecuali oleh titisan Wisnu (yang tak lain adalah Prabu Harjuna Sasrabahu sendiri, tapi saat itu sang Prabu sedang bercengkerama dengan istri-istrinya). Patih Suwanda berperang sampai titik darah penghasilan dan gugur di palagan.

KUMBAKARNA

Page Tripama 2

Ada lagi tauladan yang baik; Satria agung dari negara Ngalengka; Sang Kumbakarna namanya; Walaupun wujudnya raksasa; Walau demikian ingin mencapai keutamaan; Ketika dimulainya perang Ngalengka; Ia menyampaikan pendapat; Kepada kakaknya (Prabu Dasamuka supaya (Ngalengka) selamat; Dasamuka tidak mau mendengar pendapat baik; Karena hanya melawan (balatentara) kera.

Kumbakarna diperintah maju perang; Kepada kakaknya ia tidak membantah; Karena menetapi sifat ksatria; (sebenarnya) Tekadnya tidak mau; Hanya semata-mata bela negara; Dan melihat bapak ibunya; Serta leluhurnya; Sudah hidup mukti di negara Ngalengka; Sekarang mau dirusak balatentara kera; Bersumpah mati di medan perang.

Kesimpulannya adalah:
Walaupun Kumbakarna berwujud raksasa ia tetap ingin mencapai keutamaan. Ketika terjadi peperangan ia berkali-kali menasihati kakaknya demi keselamatan kerajaan Ngalengka, tetapi Dasamuka tidak pernah menggubrisnya. Akhirnya Kumbakarna memilih menyingkir, dan bertapa tidur. Ketika senapati-senapati Ngalengka sudah pada gugur, maka Kumbakarna dibangunkan paksa dan diperintah kakaknya untuk maju perang. Menetapi watak ksatrianya, kumbakarna tidak membantah. Tekadnya hanya bela negara dan demi nenek moyangnya yang telah mukti di negara ngalengka dan sekarang akan dihancurkan wadyabala kera. Lebih baik mati di medan perang dan akhirnya Kumbakarna gugur sebagai pahlawan.

SURYAPUTRA (ADIPATI KARNA)

Page Tripama 3

Ada lagi yang dapat dijadikan teladan; Suryaputra Senapati dari Ngawangga; Dengan Pandawa masih saudara; Lain bapak satu ibu; Mengabdi pada Sri Kurupati; Di Negara Ngastina; Dijadikan andalan; Panglima di dalam perang; Diangkat senapati dalam perang Bharatayuda; Berperang di pihak Kurawa.

Dihadapkan dengan saudaranya sendiri; Perang tanding melawan Dananjaya; Sri Karna senang sekali hatinya; Karena bisa memperoleh; Jalan untuk membalas budi; Sang Duryudana; Maka ia dengan sangat; Mengeluarkan semua kesaktiannya; Perang ramai dan Karna gugur kena panah; Termasyhur sebagai prajurit yang utama.

Kesimpulannya adalah:

R Suryaputra adalah Adipati di Ngawangga, dengan Pandawa masih saudara satu ibu lain bapak (Ayahnya adalah Batara Surya). Sejak lahir sampai dewasa tidak hidup bersama Pandawa, tetapi dipelihara kusir Adirata. Karena kesaktian dan kesetiaannya oleh Prabu Duryudana diberikan derajat yang tinggi. Menjelang perang Bharatayuda Karna dibujuk oleh ibunya untuk berperang dipihak Pandhawa. Tetapi Karna berkeras bahwa walaupun Pandhawa masih saudara dan berada di pihak yang benar, tetapi sebagai ksatria ia harus membela raja yang telah mengangkat derajatnya. Dalam perang tanding dengan Harjuna yang dalam pedhalangan Jawa menjadi satu lakon tersendiri “Karna Tanding” Karna mendapat kesempatan untuk membalas budi rajanya. Ia berjuang mati-matian dan akhirnya gugur di medan laga kena panah R Harjuna (Dananjaya)

GUGON TUHON

Gugon tuhon utawi wonten ing madyaning masarakat Jawa dipunwastani pepali utawi larangan. Gugon tuhon punika kalebet kapitadosan ingkang sampun wonten saking jaman rumiyin.
Gugon tuhon inggih punika kapitayan utawi kapitadosan marang sawenehing bab utawi perkawis ingkang boten tinemu wonten ing nalar. Tumprapipun tiyang pitados tansah gadhah raos sumelang manawi boten saged nyembadani prekawis ingkang ingkang dipunanggep mbebayani punika
Gugon Tuhon kagolongake dadi 3 :

A. Pitutur Sinandhi :

1. Aja gawe sumur ing ngarepan omah
Ø amarga bebayani bocah dolan

2. Aja kureb ajang
Ø sawise madhang, aja banjur ajange dikurebake, bedik isahana dhisik

3. Aja lungguh bantal, mundhak wudunen
Ø bantal iku mapane ana sirah, menawa dilungguhi ora prayoga

4. Aja mangan ndhodhok ing tengah lawang
Ø lire wong mangan ndhodhok yen disawang saru, kajaba mangan ing tengah lawang bisa ngalang-ngalangiwong sing arep liwat.

5. Aja mangan ing paturon
Ø amarga bisa ngregedi paturon, kejaba nalika lara.

6. Aja ngadeg uwuh
Ø amarga bisa ngregedi panggonan liyane yen kabur angina

7. Aja ngidoni sumur, mundhak suwing lambene
Ø menawa sumur kena idu bakal reged, apa maneh yen duwe lelara nular

8. Aja njangkar wong tuwa
Ø ngundang wong tuwa sarana, nyebutake jenenge thok/ jangkar cetha mulang tata

9. Nyapu bengi, ora ilok
Ø kejaba ora resik, bleduge iso ngregedi peturon apa panganan

10. Ora ilok weweh njaluk bali, mundhak gulune gondhoken
Ø weweh apa bae kudu sing iklas lair batin, aja ngarep-arep ganten diwewehi

11. Ora ilok wanita lungguh jegang
Ø sanajan priya, dideleng ora prayoga, apa maneh wanita uga kurang tata.

B. Larangan utawa wewaler

1. Aja lelungan ing dina Setu Pahing, kuwi dina geblage ( sedane ) simbah mundhak apes ( nemu cilaka )
Ø lire ing dina kuwi mesthine kanggo mengeti utawa ngrumat kepara malah ndedonga kanggo arwahe simbah, ora malah kanggo lelungan utawa seneng-seneng

2. Tedhak turune panembahan Senapati, ora kena nitih jaran bathilan ( jaran sing buntute dikethok )
Ø para turunane panembahan senapati ora kena nunggang jaran bathilan/ jaran sing bunthute dikethok amarga bisa celaka.

3. Wong Bagelan ora kena nganggo jarit gadhung mlati
Ø Miturut kapercayan wong Jawa timur, wong bagelan ora kena nganggo jarit gadhung mlathi amarga miturut wong kono bisa maraake cilaka.

C. Bocah Sukerta

1. Anggana : anak akeh sing urip mung 1
2. Cukil Dulit : anak 3 lanang kabeh
3. Dhampit : bocah laire bareng lanang lan wadon
4. Gendhong : anak akeh, wadone ing tengah
5. Gilir Kacang : anak akeh, giliran lanang wadon
6. Grandel : anak lanang akeh, sing pungkasan wadon
7. Gotong Mayit : anak 3 wadon kabeh
8. Ipil-Ipil : anak 5 lanang 1
9. Jempina : bocah lair durung mangsane
10. Julung Caplok : bocah lair wayah surup ( srengenge anslup )
11. Julung Kembang : bocah lair wayah pletheke srengenge
12. Julung Sungsang : bocah lair wayah bedhug ( tengah awan )
13. Kalung Usus : bocah lair pusere nggubed gulu
14. Kedhana-Kedhini : anak 2 lanang wadon
15. Kembar : bocah laire bareng luwih saka 1, lanang/wadon.
16. Kembar Sepasang : anak 2 wadon kabeh
17. Konduran : bocah lair nanging ibune mati
18. Margana : bocah laire ing tengah dalan, sajrone lelungan
19. Ontang-anting : anak 1 lanang
20. Panca Ganti : anak 5 wadon kabeh
21. Pathok : anak wadon akeh, sing tengah lanang
22. Saramba : anak 4 lanang kabeh
23. Sarimpi : anak 4 wadon kabeh
24. Unting-unting : anak 1 wadon
25. Wahana : bocah lair ing tengah pasamuan
26. Pancuran kapit sendhang : anak 3, wadong lanang wadon
27. Sendhang kapit pancuran : anak 3, lanang wadon lanang
28. Anak bungkus : bocah kang wektu lair isih kabungkus selaput bungkusan bayi ( placenta ).
29. Anak kembar : anak loro, kembar lanang utawa kembar wadon utawa kembar dampit lanang lan wadon.
30. Mancalaputra utawa pendawa : anak lima lanang kabeh.
31. Mancalaputri : anak lima wadon kabeh.
32. Pipilan : anak 5, 4 wadon lan 1 lanang
33. Padangan : anak 5, 4 lanang lan 1 wadon
34. Lawang menga : bocah kang lair wektu “ Candhik Kala “ ( senja hari )
35. Kresna : bocah kang dilairke duweni kulit ireng.
36. Walika : bocah kang dilairke wujude bajang ( kendil )
37. Wujil : bocah kang dilairke awake cebol.
38. Julung pujud : bocah kang lair pas wayah maghrib.


2 Responses to "Rangkuman Pembahasan Soal Bahasa Jawa"

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel